Kumbakarna iku putrane
Begawan Wisrawa lan Dewi Sukesi sing kaping loro. Sedulure ana papat, yaiku
Dasamuka (Rahwana), Kumbakarna, Sarpakenaka, lan Gunawan Wibisana. Kasatriyane
ing Panglebur Gangsa. Garwane widodari, bebisike Dewi Kiswani, lan due putra
cacah loro, yaiku Kumba-Kumba lan Aswani Kumba. Nalika Alengka diamuk dening
Anoman sawadya balane, Kumbakarna maju perang. Dheweke duweni niat ingsun maju
perang mbela tanah kelairane iya bumi pertiwi kang nangis jalaran kanggo ajange
pabaratan.
Wujude Kumbakarna iku buta gedhe
nganggo makutha. Gedhe dhuwur ora ana kang madhani lan katon nggegirisi.
Wujuding kupinge kaya kumba (kwali utawa kendhi), mulane sinung aran
Kimbakarna.
Nalika Dasamuka mertapa ing Gunung
Gohkarna, Kumbakarna ora kari. Sajrone mertapa, uripe Kumbakarna mung sarana
banyu, necep sarining bun. Awit saka genturing tapa, Kumbakarna karawuhan
Bathara Guru, Kumbakarna kaparengake darbe panyuwun, lan apa kang dadi
panyuwune bakal diijabahi.
Satemene para dewa kang nderek tindake
Bathara Guru padha ora nyarujuki yen Kumbakarna kaparingan nugraha, awit
Kumbakarna doyan mangan manungsa. Wus akeh manungsa, brahmana, resi, widadara,
widodari dalasan para dewa pisan kang dimangsa dening Kumbakarna. Bathara Guru nuli
dhawuh marang Dewi Uma supaya manjing ing tutuke Kumbakarna, dumunung ing
pucuking ilate, supaya ature raseksa iku ora padha karo sing dikarepake. Mula
nalika ditari nyuwun nugraha apa, Kumbakarna nyuwun supaya: bisa turu kepati
nganti atusan taun, kuwat mangan lan ngobe kang akehe kagila-gila, bisa gawe
kekese mungsuh.
Kumbakarna kaparingan aji
Cirakalasupta, aji Gedhongsanga, lan aji Pethak Gelap Sakethi. Dayaning aji
Cirakalasupta yen wis kawateg, njalari Kumbakarna bisa turu kepati atusan taun
tanpa nglilir. Dayaning aji Gedhongmenga, Kumbakarna kuwawa mangan lan ngombe
kang akehe kagila-gila, yaiku kang mahanani teguh-santosane salira. Saben
mentas mangan lan ngombe kang akehe nganti ngundhung-undhung kaya gunung,
lumrahe Kumbakarna banjur turu kepati pirang-pirang sasi lawase. Dayaning aji
Pethak Gelap Sakethi njalari Kumbakarna yen petak swarane kaya gelap ngampar,
agawe kekesing atine para mungsuhe.
Ana ing Alengka, kalungguhane
Kumbakarna iku dadi senopatining wadyabala. Kumbakarna senadyan sipat diyu
(buta) nanging pambegane satriya. Marang watake Dasamuka kang banget angkara
murka, Kumbakarna banget nyeda (nyacat), Dasamuka ndhusta Dewi Sinta garwane
Ramawijaya banget cineda dening Kumbakarna. Miturut panemune ngalap bojoning
liyan sarana dinustha, iku panggawe nistha, dudu pakartine satriya. Yen miturut
watake satriya ngalap rabine liyan iku kudu sarana perang. Kumbakarna wola-wali
asung pamrayoga marang Dasamuka supaya Dewi Sinta dibalekake dhisik marang
Rama. Sawise mangkono menawa Dasamuka kepingin nggarwa dheweke, Kumbakarna
saguh ngrebut kanthi sarana taker ludira (bandayuda) mungsuh Rama.
Nalika Alengka rinabasa wadyabala
wanara nganthi tumekane Patih Prahasta mengsah yuda, Kumbakarna isih kepati
nendra. Bareng Prahasta mati dikepruk tugu watu karo Anila, Dasamuka lagi
dhawuh wadya supaya nggugah Kumbakarna. Angel ing panggugahe Kumbakarna agawe gumune
wadyabala kang dinuta. Sanadyan awake kanthi wola-wali giniles kreta apangirit
turangga utawa diidak-idak gajah, parandene Kumbakarna isih tetep turu kepati.
Bareng wulu-puhune (cumbu)-ne dibedhol, Kumbakarna sanalika gregah tangi.
Wis dadi padatane Kumbakarna saking
mentas turu kudu mangan lan ngombe. Salebare mangan-ngombe kang ora karuwan
akehe, Kumbakarna banjur ngadhep kadange wreda. Sawise diwartani rusaking
wadyabala Alengka nganti tekan sedane Patih Prahasta, Kumbakarna banjur
didhawuhi madeg senopati mbrastha wadyabala wanara, balane Prabu Rama.
Kumbakarna wegah maju perang.
Akeh-akehe ature marang Dasamuka kang wose nyalahake tumindhake kangmase. Biyen
wis dielikake supaya mbalekake Dewi Sinta marang Rama. Bareng saiki Alengka
katekan bebaya, negarane rusak, saiki mbingungi. Dasamuka nesu banget, nganti
ucape bab pangan sing dipangan Kumbakarna iku wuluwetu bumi Alengka, geneya
gelem mangan asil bumine tekaora gelem mbelani bumi wutah getihe kang wektu
saiki diidak-idak mungsuh.
Kumbakarna panas atine. Kabeh
panganan lan omben-omben sing mlebu wetenge sigra diwutahake maneh ana ngarepe
Dasamuka. Pasewakan agung kraton Alengka dadi kembeng (banjir) banyu utah-utahane
Kumbakarna. Gandane ora enak, marahi muleg-muleg ing weteng. Dasamuka sangsaya
nesu, Kumbakarna diunek-unekake sakatoke. Tanpa pamit, Kumbakarna maju ana ing
paprangan. Sedyane ora nglabuhi angkara murkane Dasamuka, nanging nedya mbelani
lan ngrungkepi bumi wutah getihe kaya kang digambarake ana ing serat Tripama
yasane pujangga Mangkunegara IV kae. Wusanane Kumbakarna gugur ana paprangan.
Irunge grumpung lan talingane pagas merga dicokot lan disempal dening Sugriwa.
Tangane loro lan sikile loro tugel kajemparing dening Rama. Sanadyan kari
gembung isih bisa ngamuk, nggulung-nggulung. Wusana jemparing pamungkase Rama
tumanen ing jajane Kumbakarna saengga palastra.
Patine Kumbakarna kanthi perangane
awak kang dipretheli mbaka siji iku minangka piwalese Ditya Jambumangli kang
duk ing uni uga mati kanthi awak dipretheli dening Resi Wisrawa, keng ramane
Kumbakarna. Nalika semana ya Jambumangli iku kang dadi jago, ngadani sayembara
perang ngadhepi para satriya kang bakal ngayunake Dewi Sukesi, klebu Resi
Wisrawa.
Comments
Post a Comment
Komentarlah dengan sopan. Tidak mengandung SARA. Komentar yang berisi link aktif akan dihapus dan dianggap sebagai spam